Cari Blog Ini

Translator

Indonesian English German Dutch Portuguese Russian Greek Brazilian French Spanish Arabic Korean

Selasa, 06 Maret 2012

pengalamane akuuu \(^o^)/

Keeeeh, sing kiye keeh ceritane aku karo bocah bocah IM alias instruksi muda sing ana neng pramuka. Pas kae ana pelantikan im neng guci tanggal 14 februari 2011. Mangkat saka sekolah sih jam 2nan. Maring guci kana atike bis tuyul lhoo. Sing lanang manjing bis tuyule lanang, sing wadon manjing neng bis tuyule cah wadon. Perjalanane madan apik. Seru laah, tapi dasare musibah yaa, ora di rasani yaa teka dewek. Ceritane ngene keh, dadine bis tuyule cah wadon neng mburine bis tuyule cah lanang, nah pas kae lagi manjat neng tikungan leter  s, ujug-ujuge bis tuyule cah wadon bisa ngluncur babar blas. Banter nemen nganti nenggor mobil pick up. Aku sing njagong  jejere jendela bisa wedine masya allah. Tapi Alhamdulillah nemen bis.e bisa mandeg pas wis nabrak tebing. Ya pas kae padahal kernete wis mudun tolih njukut gelondongan kayu nggo di dalah di ban.e tapi tetep ora bisa.h pada mudun oh lewat lawang supire. Sikil karo tangane bisa ndredeg kabeh suung. Terus tase kongkon pada dijukuti. Ya wis oh akhire pada manjat leter s sing duwur nemen. Wis sikile kesel, atine mesih wedi, lemes kabeh awake terus pada nangis maning. Hahaha. Terus mbuh pime yaa, ndean atine ibune aku melu ngraksana. Ora let suwe, ibune aku langsung telfon terus aku langsung cerita karo nangis-nangis.  Akhire bocah-bocah pada nunggoni mobil pick up teka. Pertamane pada wedi pan numpak kendaraan umum maning, tapi guru-guru pada mercayani cah wadon sampe pada gelem kabeh. Tapi jujur yaa, aku bener bener bersyukur nemen soale bis.e bisa nabrak tebing. Ler oh angger bis.e ora nabrak tebing yaa mesting wis nerobos jurang. Ngerine nemen laah. Naaah kae cerita sing berkesan nemen jarene aku. Suwun yaa wis pada mbaca nganti rampung 

ceritane aku pas piknik :D #episode 2

Keeeh kanca-kanca, tak lanjutna yaaa ceritane aku :D maaf lhoo nembe tak lanjutna. Padahal mau bengi aku wis ngrampungna. Yaa tinggal di metukna ngonong lah. Tapi jujuge ilang  galaau nemen tah asline :’( yaa wis ora papa :D di ikhlasna bae :D yuuh lanjuuuut :D oyaa sedurunge di lanjut, aku pan njelasna sedelat. Jebule, aku nembe kelingan pas piknik kae mangkate tanggal 22 juni 2011 jam 4an. Terus anjog blitar tanggal 23 juni 2011 jam 11an. Nah tanggal 24 junine keeh wis anjog Surabaya. Yaaa kaya kae lah info sitike. Oyaaa aku pan manjingna foto yaa ? okee keeh deleeeng yaaa :D





Keeeh foto fotone :D singkat bae yaa, bar mangan esuk langsung pada check out bocah bocah karo gurune. Terus perjalanan di lanjut maring jembatan suramadu. Oyaaa, aja pada heran yaaa bisane bocah-bocah pada nganggo klambine spenda ( smp n 2 tegal ). Soale bar maring jembatan suramadu, rombongan pada pan maring ARMATIM ( angkatan maritim laut jawa timur ) pas maring suramadu, pemandangane apiiik nemen :D tapi sayange nyong laka fotone. Terus pas anjog Madura, akeeh lhoo sing pada mborong.  Perluu bukti ? keeeh foto fotone maning :D







Neng suramadu kira kira setengah jaman. Madan cepet lah pokoke. Terus balik maning oh maring pulau jawa tepate maring surabaya :D padahal yaa armatim pereke laut, tapi suwene masya Allah. Yaa akhire bocah bocah pada turu neng bis oh. Aku pan turu tapi malah wis anjog. Hahahaa. Pas mudun bis, angine sepoi-sepoi nemen. Pas pada manjat kapal perang pada keweden soale wedi tiba :D oya, kiye kali pertamane aku numpak kapal perang lhooo :D jebule enak yaa :D njerone AC nan kabeeeh. Tapi pas metu maring balkone kapal, panase semelet nemeeen. Tapi seruu lah pokoke :D aku nduwe fotone siji tok. Keeeeeh lagi neng balkone.
 keeeh delengna sing seksama keeh, mburine keton jembatan suramadune oya ? :D


Neng kene di jelasna akeh nemen. Jenis-jenise kapal perang, tahun digawene, macem macem laah. Nah pas pan balik, bocah bocah di kongkon mangan siang neng bis. Perjalanane di lanjut oh maring WBL alias wisata bahari lamongan. Perjalanane suwee  2 jam luwihan. Akhire aku karo bocah-bocah pada turu oh :D anjog mana pada solat duhur karo ashar terus langsung pada salin klambi bebas oooh. Waaah neng kana dolanane akeeeeeh nemen. Nganti keder pan dolan apa ndisit :D suwe neng kana lhooo. Awit jam 2 nganti jam 5 sore :D template apik nemen :D keeeeh akeh fotone :D











Madan akeeh yaa :D aku pas neng kene olih lollipop lhoo :D terus tuku sandal apikk :D hahahaa pamer nemen yaa :D pas wis pan balik maring tegal, rombongan mampir ndisit maring ponpes perut bumi sing lokasine ana neng tuban. Neng kana bocah bocah solat isya. Template tah apik, tapi peteng nemen medeni laah. Hahaa. Bar wis rampung langsung capcus maring tegal terus pada turu lan akhire anjog tekan tegal jam 02.00 :D wiis yaa semono ndisit yaa ceritane aku :D