Keeeeh, sing kiye keeh ceritane aku karo bocah bocah IM alias instruksi muda sing ana neng pramuka. Pas kae ana pelantikan im neng guci tanggal 14 februari 2011. Mangkat saka sekolah sih jam 2nan. Maring guci kana atike bis tuyul lhoo. Sing lanang manjing bis tuyule lanang, sing wadon manjing neng bis tuyule cah wadon. Perjalanane madan apik. Seru laah, tapi dasare musibah yaa, ora di rasani yaa teka dewek. Ceritane ngene keh, dadine bis tuyule cah wadon neng mburine bis tuyule cah lanang, nah pas kae lagi manjat neng tikungan leter s, ujug-ujuge bis tuyule cah wadon bisa ngluncur babar blas. Banter nemen nganti nenggor mobil pick up. Aku sing njagong jejere jendela bisa wedine masya allah. Tapi Alhamdulillah nemen bis.e bisa mandeg pas wis nabrak tebing. Ya pas kae padahal kernete wis mudun tolih njukut gelondongan kayu nggo di dalah di ban.e tapi tetep ora bisa.h pada mudun oh lewat lawang supire. Sikil karo tangane bisa ndredeg kabeh suung. Terus tase kongkon pada dijukuti. Ya wis oh akhire pada manjat leter s sing duwur nemen. Wis sikile kesel, atine mesih wedi, lemes kabeh awake terus pada nangis maning. Hahaha. Terus mbuh pime yaa, ndean atine ibune aku melu ngraksana. Ora let suwe, ibune aku langsung telfon terus aku langsung cerita karo nangis-nangis. Akhire bocah-bocah pada nunggoni mobil pick up teka. Pertamane pada wedi pan numpak kendaraan umum maning, tapi guru-guru pada mercayani cah wadon sampe pada gelem kabeh. Tapi jujur yaa, aku bener bener bersyukur nemen soale bis.e bisa nabrak tebing. Ler oh angger bis.e ora nabrak tebing yaa mesting wis nerobos jurang. Ngerine nemen laah. Naaah kae cerita sing berkesan nemen jarene aku. Suwun yaa wis pada mbaca nganti rampung













Tidak ada komentar:
Posting Komentar