Cari Blog Ini

Translator

Indonesian English German Dutch Portuguese Russian Greek Brazilian French Spanish Arabic Korean

Senin, 05 Maret 2012

ceritane aku pas piknik :D #episode 1

Pas aku lagi mumet pan ngpost apa neng blogku kiye, aku kelingan karo kelas 8 mbiyen. Pas kae nembe dina pertama manjing sekolah Nah, aku pas olihe kelas 9b. Kelase bisa sepi nemen, laka guru ya laka sing guyonan. Sejen nemen lah karo kelas pitune aku mbiyen. Ndeane durung biasa karo kanca kanca anyar. Aku be bisa ora kerasan nemen neng kono. Hawane pengen gagian istirahat, judule boseeen nemen neng kelas. pertama manjing aku njagonge karo Laras Ajeng Hutami. oya pas kae ana pemilihan pengurus kelas. lha aku kepilih dadi bendara 1, asline tah aku ora gelem. soale pas kelas 1 ya aku dadi bendahara. tapi bu neti ( wali kelas ku ) maksa sih yaa akhire ya terima bae. nah let seminggunan ajeng pas ora manjing. Lha aku keder pan njagong karo sapa. Angger aku njagong dewekan rasane kayong sepi nemen. Terus pas kae kancaku arane Rizqi Dwi Setianingrum biasane diundang Ning pengen njagong karo aku. Akhire aku gelem gelem bae, soale ajeng ya ora mangkat juga. Tak kirane, ning kae wonge meneng. Jebule dugaane aku salah :D ning wonge apikan lan enak nggo di ajak curhat karo ngobrol :*. Pokoke pas dina kuwe nganti semester 2 aku njagong terus gamen ning. Oya, sahabate aku dudu mung Ning tok. Ana Niken Widowati (Niken), Rizqy Amaliyatunnisa (Atun), Febika Day Fitri (Febi), Laras Ajeng Hutami (Ajeng), lan Maulida Zahro (Ida) terus sahabate aku awit sd mung ora sekelas gamen aku arane Fauziati Ainurizki (ii). Pas kelas 8 pokoke ning, niken, atun, febi, ida, laras mesti dolane karo aku laah. Nah, pas pan naik kelas 9, kan bocah bocah kelas wolune ana acara studytour. Ning pas kae ora njagong karo aku. Aku njagonge karo ajeng lan atun. Terus neng ngarepe aku ana ida, niken lan febi. Pas kae studytoure maring Surabaya. Bayangna keeh 12 jam luwiih njagong bae neng bis ?! apa ora gempor ? -.- kesel nemen tah asline. Tapi babare gamen kanca kanca yaa. Dadine kesele dadi seneng. keh ceritane mangkat sore jam papatan. nah esuke jam 9 nembe anjog blitar. kae tempat pertamane yaiku maring makam bung karno. Pas nembe anjog kana, bocah bocah di kongkon adus lan mangan esuk. terus bar wis siap kabeh langsung mlaku maring Makam Bung Karno. adohe ya kira kira 200 meter seka tempat istirahat mau. pas anjog mana tempate apiiik nemen :D bersih, gede, pokoke laka laka nemen sung :* pada ora percaya ? keh aku ana fotone tapi sitik tok :D
 sing kiyeee atun karo niken jawane kaya neng bali ngono lhoo :D hahahaa
 nah sing kiye keeeh fotone aku, niken, zulfa karo atun pas neng ngarepe pintu metu
 sing terakhir kiye akuu gamen niken :* 

nah wis oyaa pada percaya ? :D tak terusna yaa ceritane. bar pada plesir neng mburine makam bung karno, bocah bocah karo guru pada balik maring tempat istirahat mau. bar wis pada njukuti tase dewek dewek, perjalanan dilanjut maring Waduk Karang Kates neng Malang :D perjalanane sekitar sejaman. bar anjog mana jebule hawane adeeem nemen. apik nemen. keh ada foto-fotone lhoo :D pan ndeleng ? tapi aja pada iri yaa :p keeh cekidot ^o^
 keeh niken karo ida nyewa sepeda sing wong loro. regane durung dijukut maning yaa ? haha
 kiyeee aku karo nikeen :*
 niken karo ajeng fotone kaya laka tempat maning yaa ? pinggire waduk kanggo foto. huahaha somplak :D

 keh aku karo febi neng lawange bis :D mumpung laka wong haha
     dolan nang Waduk Karang Katese madan suwe. nganti jam 4an. neng kana acarane mangan awan, solat duhur dijamak karo ashar terus gagian dolan sakpuase :D terus perjalanane di lanjut wooh maring asrama haji sukolilo neng surabaya. dasare bocah ya, bar dolan mesti kesel yaa gari turune oh :D bis.e bisa sepi nemen. tekan asrama kira kira ya jam 9an. bocah bocah kongkon pada njukut kunci kamar, terus pada mangan bengi terus sing islam solat gagian turu :D tapi wong neng bis wis turu suwe ya nganti bengi ora pada turu oh :D sing bocah lanang ya kentir maning, bengi-bengi dolanan petak umpet -___- sing pacaran ya akeh hahaha. tapi kelompoke aku tah langsung pada turu. terus pas kae esuke ajeng kweh ulang taun tanggal 24 juni. akhire aku karo jakwir pada ngerjani ajeng :D ajeng tak kongkon turu neng nduwur. aku, atun, febi turune dadi siji. thea neng nduwur. ida karo gita turu neng ngisor tapi dewek dewek. aku meden medeni ajeng, terus ajenge wedi temenan. hahahaa. tapi yaa akhire wis pada turu.
     esuke aku tangi jam 5. tak kira aku tangi pertama. jebule febi wis adus ana apa.akhire aku gagian solat terus adus oh eben ora ngantri :D pas ajeng tangi pada ngucapna. tapi ya laka kue bolune. wis yaa siap siap, terus pada mlaku mlaku oh ndeleng sekitare asrama. hawane mesih adem nemen. soale pas mlaku mlaku nembe jam 6 kurang sih yaa :D oyaa ana fotone lhooo :D tapi ngko yaa. aku kesel weeh. ngko tak lanjut maning wis kanca kanca :*
waalaikum salam wr.wb :D


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar