Cari Blog Ini

Translator

Indonesian English German Dutch Portuguese Russian Greek Brazilian French Spanish Arabic Korean

Selasa, 06 Maret 2012

kabehane 9B

Heeeeey kanca kanca :D nyong pan cerita maning keeeh :D aku pan cerita mbiyen pas pertama manjing kelas 9. Tak kira kelase pada bae kaya pas kelas 7 mbiyen. Jebuleee ? oraa weh -,- kelas 9 saiki modele urut absen. Dadine angger ana bocah sing aran ngarepe pada yaa gurune keder dewek oh :D tapi yaa ana enake, ora bosen karo bocah-bocah kae. Kan mbokata ana sing durung pernah sekelas dadine kan pengalaman anyar. Lha aku kan arane ersa, dadine aku manjing kelase 9b. kancane akeeh sing ayar. Apik laaah. Bocahe yaa somplak somplak :D apa maning caah lanang -.- ana dolanan bal neng njerone kelas, kangelan angger pan mbayar kas, ngrumpi angger laka gurune teruus sing paling njelehi keh, angger kongkon piken ORA TAU GELEM. Hiiih njuweti nemeeen, aku karo destia nganti ngaor ngaor cangkeme -.-  keeh ya, padahal wali kelase wis ngomongi ping pindo, tapi dasare cah lanange mbedut mbedut. Wis lah pokoke angger masalah piket cah lanang ora ngerti apa-apa. Ngertine angger pak agus pan manjing tolih sing piket dina kae gagian njukuti spidol terus pada diseni. Pada wedi ndean ooh mbokata pas agus ngamuk ngamuk gamen cah lanang. Hahaha. Oyaa, neng kelas 9, aku ketemu maning karo ii terus febika :D tapi aku sekelas gamen destia -.- ora enake soale destia kae tetanggane aku – dadine angger ana nilai sing ora apik yaa mesti di banding bandingine gamen destia. Oya, aku neng 9b olih absen 13. Haha lumayan wis ora ngarep ngarep pisan. Tapi angger njagong tes aku njagong deretan nomer 2. Wis neng ngarepeeshal sing senenge takon-takon, mburine enno sing senenge grusak grusuk, sebelah kanane sontong maning sing senenge turun-turunan gamen eki -,- babare samping kirine fajar yaa, wong pinter dadine anteng nemen :D hahaha. Keeh tak ceritakna yaa, 9b kae gudange atlet :D keeh tak sebutna. Si kiki, dian karo hasbi atlete basket sing nembe juara 1 popda wingi, ana maning sontong alias arief sing ahli tenis meja :D eki yaa mbiyen atlete tolak peluru. Hahaha komplit wiis :D tapi sakale bocah-bocah kae pinter olahraga, jebulane ana keahlian maning yaiku NGELAWAK. Si hasbi, dias gamen eki  angger nglawak bisa temenanan :D ledek-ledekane matenge nemen. Akhire yaa ngko pada mutung-mutungan ooh. Pokoke sanga bhe everything wiiis :* saiki kayong ora pengen kelangan kanca kanca kiyee. sakale pertamane kayong ora akur nemen cah lanang karo wadone, tapi bar pan UN kaya kiye malah kompake bisa keton nemen :D ya aku siih antara seneng gamen wedi. Senenge delat maning aku sma, wedine mbokata aku ora bisa ketemu kelas sesomplak kaya kiye maning. Lope lope 9b laaah pokoke :*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar